MUNGGUH BEBERE MANUNGSO ING ALAM NDUNYO

Mengkene, Bisone Nyowo lan Sukmo mijil ing alam ndunyo kudu ono Rogo kang sinebut Jabang bayi.
mijile si Jabang bayi kudu rinekso kabeh marang Sedulure,

Getih lan Puser bareng kelawan Rogo siro kang Ngrewangi Ulah kairing margining Panedho kareben biso mijil ing alam ndunyo.

mulane keng Adi ari ari datan purun keri Amayungi sak laku jantrane si ponang Jabang bayi.

Si ponang Jabang bayi Kaemong sak Ciptane, Rinekso sak Sedyane, di Payungi Laku Pengarahe, di Rewangi Ulah sak Karsane lan di Ujo kabeh nuruti Panedhone.

mulane, banjur katigas Tali Puser iro bali menyang papan panggonane, si ponang Jabang bayi sing katinggalake katutup lawe sak gedong pusere.

Pambekere Getih lan Puser haryo nyambat Sedulure kabeh kareben nyawiji dateng badan iro si ponang Jabang bayi. margo datan wantun Getih lan Puser amomong si ponang Jabang bayi jero ing alam padang.

Mangkono iku laku sejatine Nyowo, Sukmo, Rogo lan Sedulur iro.

Mugo mugo dadi'o Bebere Manungso Jati.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "MUNGGUH BEBERE MANUNGSO ING ALAM NDUNYO"

Posting Komentar