guru sejati

Saya pernah dengar bahwa guru sejati adalah diri sendiri

sepiro duwurmu ngudi kawruh, sepiro jeromu ngangsu ngilmu, sepiro akehe guru ngajimu tembe mburine mung arep ketemu marang sejatine awake dewe

sopo sing wus biso nemoake sedulur batine kakang kawah adi ari2 papat kiblat lima pancer,
sejatine wus nemu guru sejatine koyo epos bimo nggoleki kayu gung susuhing angin, gigireng panglu (bibir globe), galihing kangkung, watesane langit jaladri utawa nggoleki dlamakane kuntul mabur

utowo goleki papat napsu sing ngiring jiwo rogo siro yoiku Sufiah (putih), Mutmainah (kuning), ALuamah (abang) lan Amarah (ireng).

kabeh mau artine isoo nggulowentah sekabehane napsu sing ono jiwo lan rogone awake dewe
yen wus iso, banjur nemu guru kang sejati, sejatine guru, yoiku awake dewe-dewe

moso iyo to ? ono sing biso njlentrehake lan nduwe
pemikiran beda ra?

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "guru sejati"

Posting Komentar